Selasa, 24 Januari 2017

GEGURITAN



                      Bismillahirrohmanirrohim , dengan adanya kesempatan ini saya akan menjelaskan semua tentang geguritan (puisi jawa) sesuai dengan pengetahuan saya selama hampir 1 tahun belajar di SMKN DARUL ULUM MUNCAR bersama ibu guru dan teman-teman saya. Mohon maaf ketika ada kesamaan kata , marilah kita langsung simak materi ini .



         1.  Pengertian Geguritan

Geguritan yaiku wohing susastra kang basane cekak , mentes , lan endah. Tegese ukarane ora ngglandrah , tembunge nduwe makna kang jero lan nggunakake tembung rinengga (purwalohanti, swawa, sastra, lan basa).
Wujud geguritan iku saemper karo sair (syair). Panulis kanthi bait/gatra. Geguritan iku kelebu puisi jawa modheren, amerga ora kawengku dening phatokan tinamtu kaya dene tembang mecapat.
Geguritan kelebu karya sastra kang nggunakake basa kanthi maksud liya . Geguritan iku asipat konotatif , tegese nduweni pengerten kang bedo karo penegerten ing kamus .  Mula geguritan uga nduweni sipat ekspresi ora langsung sawijining kagiyatan utawa aktifitas basa sing ngundharake karep kanthi cara liya. Gamblanging  tembung , yaiku ngudharake rasa pangrasa orang kanthi langsung. Mula basane katelah basa sing khas , kekhasane basa amerga disebabake dening telung prakara.
a.       Merga nganthi carane nganggo lelewaning basa utawa pepindhan.
b.      Ngenggokake teges kanthi cara purwokanti.
c.       Ngripta teges kanthi cara pembaitan.





sumber gambar: https://medium.com/

    




      2.  Unsur-unsur Geguritan

Geguritan iku kawangun saka unsur fisik lan batin. Dene katrangane kaya mengkene .
a.    Unsur fisik yaiku :
1.       Diksi , yaiku nggatekake lan menehi tekanan basa, utamane babagan tembung-tembunge utama ing geguritan. Ing perangan iki isa awujud irama lan rima.
2.       Citraan , yaiku andharan saka panulis supaya gawe sengsem para pamaose.
3.       Majas, yaiku wujud ukara kang isa narik kawigaten
4.       Bunyi , yaiku nemtokake tembung-tembung kang digunakake isa narik kawigaten , mula kudu nduweni nilai sastra nanging komunitatif.
5.       Tipografi , yaiku wujud geguritan iku isa narik kawigaten .
b.    Unsur batin yaiku :
1.       Tema , yaiku gagasan pokok kang diandharake dening penyair lumantar geguritane . Tema kang kerep digunakake ing geguritan yaiku tema ketuhanan (religius), tema kamangnusan, tresna,patriotisme,perjuwangan,urip kang gagal, alam,kritik sosial,keadilan,demokrasi, lan tema kekadangan (persahabatan).
2.       Nada/irama , yaiku kajiwan pujangga nalika ngripta geguritan nada njlentrehake sikap pangripta  marang riptane. Dadi kanthi nada tinamtu wis isa nitik kepriye andharane pangripta.kang isa kelebu perangan iki yaiku irama lan rima. Iram autawa ritme ana sesambungane karo pangulangan , swara,tembung,frasa,lan ukara. Irama uga bisa ateges owah-owahan saka banter-alon , dhuwur-cendhek , utawa dawa-cendheke tembung kanthi  ngulang mekaping-kaping kang ancase nuwuhake gelombang swara supaya gawe endahe geguritan.
3.       Amanat/pitutur lumantar tulisan , pangripta geguritan isa ngandharake pesen  kang bakal dijlentrehake.


        3.    Jinis Geguritan
a.       Ode ,  geguritan kang surasane ngemot pangalembang marang wong liya , negara apadene kang dianggep luhur.
b.      Himne , geguritan pangalembana  marang gusti kang mahakuasa.
c.       Flogi , geguritan kang surasane panalangsa. Geguritan iki jlentrehake sawijining bab kang nelangsa lan ngrusit ati.
d.      Epigram , geguritan kang surasane babagan piwulang-piwulang moral, nilai idhup kang becik lan bener kang tinulis kanthi ringkes.
e.      Satire , geguritan kang surasane ngenyek kanthi kasar (sarkasme) kang landhep /sinis tumrap sawijining bab kang ora adil kang ana ing madyaning bebyaran.
f.        Romansa , geguritan kang surasane babagan katresnan , tresna ora mung antarane sisihan , nanging tresna ing maneka warna bab.
g.       Balada , geguritan kang surasane babagan crita utawa lakon kang nyata utawa mung lamunane pujangga.
        4.    Trap-trapan panulise geguritan iku kapetang dadi telung trap kang penting 

a.       Nemtokake ide/tema
b.      Nyaring
c.       Ngripta geguritan

        5.    Trap-trapan lan cara kanggo mahami lan ngudhari surasane geguritan.

a.       Maca lan njingglengi geguritan wiwitan nganthi pungkasan. Pakaryan iki isa nemokake gegambaran kanthi global utawa proses penafsiran kawitan.
b.      Nggoleki materi-materi kang penting :
1.       Irah-irahan
2.       Tembung kunci
3.       Gaya basa  (majas)
4.       Simbol-simbol
5.       Negesi lan gawe dudutan surasane geguritan
6.       Nggancarake nggunakake basane dhewe.

Nah itu lah materi tentang  geguritan (PUISI) semoga bermanfaat  dan bisa menjadi motivasi buat semua.

Dirangkum dari Buku Pelajaran Bahasa Jawa kelas X .



 

1 komentar: